Minggu, 4 Juni 2023

Teks Khutbah Jumat 17 Maret 2023 Bahasa Jawa: Mapag Wulan Ramadhan Kanthi Bingah  

- Kamis, 16 Maret 2023 | 21:13 WIB
Teks Khutbah Jumat 17 Maret 2023 Bahasa Jawa: Mapag Wulan Ramadhan Kanthi Bingah. (Freepik)
Teks Khutbah Jumat 17 Maret 2023 Bahasa Jawa: Mapag Wulan Ramadhan Kanthi Bingah. (Freepik)

Sekedhap malih kita badhe pinanggih kelawan tamu ingkang minulya, inggih punika Wulan Ramadhan utawi Pasa.

Baca Juga: Bacaan Niat Puasa Ramadhan dan Berbuka puasa, Perhatikan Jangan Sampai Salah!

Wulan ingkang kathah rahmat saha pangapura saking Gusti. Wulan ingkang gadhah kamulyan saha kaberkahan.

Sedaya ganjaran ibadah dipuntikelaken. Dungo dipunijabahi. Dosa dipunapura. Lawang suwarga binuka lan neraka tinutup.

Pramila, tuna sanget menawi kita pinanggihan Ramadhan, ananging mboten saged mendhet sedaya kautamanipun.

Kados pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang dipunriwayataken Imam an-Nasa'I.

Baca Juga: Mario Dandy dan Shane Akan Jalani Psikologi Forensik Usai Dilaporkan Balik oleh Sosok APA alias Amanda

Artosipun, “Saking sahabat Abu Hurairah RA piyambakipun ngendika, bilih Kanjeng Rasulullah sampun paring dhawuh: "Satuhune, wis teka marang sliramu kabeh, Wulan Ramadhan.

Wulan kang kebak kaberkahan uga den wajibake pasa. Ana ing wulan iki, lawang-lawang langit binuka lan neraka tinutup. Setan-setan dibanda.

Lan ana ing Wulan Ramadhan, ana salah sawijining wengi kang luwih utama tinimbang sewu wulan.” (Hadist Riwayat Imam An-Nasa'i).

Awit saking mekaten, mangga kita tansah mapag kanthi sasae-saenipun nalika sampun badhe karawuhan wulan Pasa. Ugi rumaos bungah kanthi karawuhanipun.

Baca Juga: Mario Dandy dan Shane Akan Jalani Psikologi Forensik Usai Dilaporkan Balik oleh Sosok APA alias Amanda

Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sampun maringi tuladha dumatheng kita, wiwit Wulan Rajab dumugi Syakban maos dunga, ingkang artosipun:

“Dhuh Gusti Allah, mugi panjenengan paring berkah wonten wulan Rajab lan Sya’ban. Ugi dugeaken datheng Ramadhan.” (Hadist Riwayat Imam Ahmad).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Halaman:

Editor: Saniatu Aini

Sumber: NU

Tags

Artikel Terkait

Terkini

X